Laman

Jumat, 24 Desember 2010

WIDARA PAYUNG : Wahyudi

Hari Minggu kemaren, 19 Desember 2010 aku bersama temennya kang Awal dan kang Darno, bareng-bareng mlaku-mlaku maring Pantai Widarapayung Kroya. Mangkat jam 11.00 wong ndadak ngenteni kang Darno sing motore kudu ganti ban. Kang Awal mangkate sih gasik maring omahe inyong, terus kon ngopi karo medang mendoan ning ora nana cengise.
"Endhi cengise ?" takone kang Awal
"Cengise lagi larang, sekilo 40 ewu", semaurku

Terus pas jam 11.00 kang Darno teka, ngopi sedela terus blabas mangkat meng Widarapayung. Tekan nganah pas jam 11.55. Aku terus mlaku-mlaku nang pinggir pantai, kang Awal sing nyotingi gambar. Wis mada awan, wetengku krasa kencot akhire nang kang Awal ditukokena es dawegan.

"ahhhh....ahhhh ...rasane segeeeeer bangets", komentarku

Saking enake, dawegane tek keroki nganti bersih banget. bareng wis rampung terus muter maning tujuane maring teluk penyu Cilacap, arep andon nggolet iwak laut thok. Tekan nganah pas jam teluan, jebule madan adoh. Aku karo kanca-kanca pada tuku iwak sing bisa langsung digoreng ditambah karo tuku urang. kang darno lha tukune akeh banget...jere nggo mertuane...

Wis olih iwak terus pada bali. tekan ngumah pas jam 18.30, terus nonton bal-balan Indonesia vs Philipina.
Matur nuwun kang Awal lan kang Darno.....!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar