Laman

Jumat, 07 Oktober 2011

PLPG Tahap 2 Rayon 113 UNS Tahun 2011

Pas preian tanggal 29 Juni - 8 Juli 2011, inyong olih jadwal melu PLPG sertifikasi guru nang UNS. Nyong melu tahap loro, sekang Purbalingga ana wong 80-an. Guru-guru SMP mapel IPA kurang lewih ana wong 12-an. Nyong madan kelalen...sing genah nyong bareng karo Pak Farid (SMP Muh. Purbalingga), Kang Adrongi (SMPN 1 Rembang) lan batir wadon aku kelalen jenenge.
Alhamdulillah, bareng nyong melu PLPG nggo sertifikasi guru (sing jerene gajine tambah akeh) nyong dadi ngerti tugas pokok lan kewajibane dadi guru. Jebule dadi guru kudu duwe kemampuan utawa profesional, ora mung mulang...terus gajian...ora tau gelem gawe perubahan atawa inovasi gole mulang. Apa maning gawe penelitian atawa PTK.

Nyong matur nuwun banget, marang Gusti Alloh kang maringi slamet lan sehat anggoe melu PLPG lan dumatheng para dosen...instruktur PLPG lan panitia PLPG Rayon 113 UNS Surakarta, nyong matur nuwun banget atas bimbingane lan petunjuke. Nyong nduweni kekarepan arep ngrubah lan dadi guru sing profesional...ben bocaeh sing tek wulang pada bener...pinter ...lan nduweni tata krama atawa berbudi pekerti luhur.
Kiye ana gambare kenangan dong melu PLPG nang Solo. Batire dadi akeh...nyong dadi kenal karo wong Sragen...Solo...Grobogan...Wonosobo...Temanggung...lan liya-liyane. Moga-moga sing PLPG Tahun 2011 padha lulus kabeh...Amin....!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar