Laman

Selasa, 26 Oktober 2010

Dudu Jaman Biyen

Jaman saiki
Jaman sing sarwa canggih
Jaman sing modern
Jarene era globalisasi
Bocah cilik cekelane hp
Bocah cilik cekelane montor
Bocah cilik cekelane laptop

Dolanane play station
Panganane pizzza, hamburger
Cemilane sozzis lan nugget
Sarta bumbone saos sakecape
Inumane pop ice
Wah..... jan... pancen

Angel ditemoni
Bocah sing dolanan
Jaranan, jamuran, utawane egrang-egrangan
Apa dene....
Bocah sing nyekeli janur kanggo gawe ebeg-ebegan
Langka...
Bocah sing mangan grontol, cenil, thiwul, gethuk lan ondhol
Jarene ora enak
Jarene ndesani
Jarene katrok, ketinggalan jaman
Ra gaul ....

Apa bener panemu kang kaya mangkana
...................Piye jal???

Tidak ada komentar:

Posting Komentar